Univet Bantara SUkoharjo, Rabu 22 Juli 2020
Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FKIP, Univet Bantara Sukoharjo ngawontenaken Parepatan kangge ancang-ancang mapag kegiatan Webinar Nasional kanthi tema “Jiwa Jawa dalam Aksara”.
Wondene ingkang badhe ngandharaken materi ing antawisipun: (1) John Paterson (Komisaris Yayasan Sastra Lestari Surakarta (www.sastra.org)) saking Australia, lan (2) Adi Deswijaya. S.S., M.Hum. (Dosen PBSD Univet Bantara Sukoharjo). Wondene kanthi dipun moderatori dening Dr. Nurnaningsih, M.Hum. (Dosen PBSD Univet Bantara Sukoharjo).

Webinar punika badhe katindakaken insyaallah ing dinten Jumungah, 7 Agustus 2020, tabuh 13.00-15.00 WIB, kanthi pesertanipun para dwija SMP, SMA, dosen, lan ugi pabrayan jamakipun. Kuota dipun watesi 150 peserta. Mugi webinar punika saged kalampahan kanthi rancag, wilujeng nir baya nir ing sambekala. aamiin.



(admin PBSD)

Saya sangat terkesan dengan kualitas informasi yang disajikan di artikel ini. Sebagai pembaca yang peduli pendidikan, konten seperti ini sangat jarang ditemukan.
Terima kasih sekali.
Membaca artikel ini membuat saya semakin yakin pentingnya investasi dalam pendidikan. Konten seperti ini yang Indonesia butuhkan.
Terima kasih